Aubertin Mallaby

Brigadir Jenderal Aubertin Mallaby

Aubertin Walter Sothern (A.W.S.) Mallaby utawa uga misuwur Brigadir Jenderal Mallaby (lair ing Karajan Manunggal, 12 Dhésèmber 1899 – pati ing Surabaya, Indonésia, 30 Oktober 1945 ing umur 45 taun) ya iku brigadir jenderal Karajan Manunggal sing tilar donya inga prastawa tembak-tembakan 30 Oktober ing Surabaya lan nyurung metuné ultimatum Inggris lan mbledose Paprangan 10 November. Brigadir Jenderal Mallaby ya iku komandan Brigade 49 Divisi India kanthi kakuwatan ± 6.000 prajurit sing péranganing Allied Forces Netherlands East Indies (AFNEI), prajurit Sakuthu sing dikirim ing Indonésia sawisé Perang Donya II kanggo nglucuti senjatané wadya Jepang, mbebasaké tawanan perang Jepang lan mbalèkaké Indonésia manèh dadi Hindia Walanda kakuasaan Walanda ing ngisor administrasi NICA (Netherlands Indies Civil Administration).


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search